Vokal : Antok Yunus (Malang)
Lagu : Wahyu Nugroho
Video : Felix Febian
---------------------------
Seniman iku termasuk hebat,
saben diskusi mesthi semangat,
urip koyok apa gak tau sambat,
bakat sugih mlarat yo kuat.
Seniman iku wong sing terhormat,
sing diomong mesti filsafat,
lungguhe betah sampek jam papat,
nek diseneni senengane minggat.
Seniman iku ya wong sing nriman,
sedina gak mangan sik kuat nahan,
tapi siji sing dadi kelemahan,
jaya sethithik hobbi rabian.
Hobbi rabian sifat sing mulya,
mbagi rejeki sak padha-padha,
tapi onok kanca tangga desa,
dhe'e rabian cek diarani jaya.
Dadi seniman pancene nyaman,
masiya gak kerja koyok juragan,
rina wengi isa klayapan,
turune isuk tangine awan.
Tapi ya onok sing ngaku seniman,
saben bengi mesti kluyuran,
kerjane jarang seneng jagongan,
tapi ngimpine dadi jutawan.
Ngimpi karyane dituku larang,
ngenyang omah karo mobil abang,
sing dituding rega milyatan,
bareng dikekna kandha dompete ilang.
Wahyu Nugroho
Purwosari, 2013
0 Komentar